Lirik Bangjo Malioboro - Didi Kempot

Bangjo Malioboro


Lampu bangjo neng prapatan malioboro,
Nganti wengi aku dewe sing neng kono..
Lalu lintas pating sliwer maneko warno,
Do ra ngerti rasane sepine dodo..

Malioboro seksenono lelakonku,
Nganti seprene tresnaku mung nggo sliramu..
Tansah tak siram tetesing eluhku,
Nganti suk kapan sliramu eling aku..

reff:
Wis meh pirang-pirang sasi
Aku tansah ngenteni..
Wis meh pendhak lingsir wengi,
Aku tansah memuji..

Sakwetoro telung minggu,
Aku krungu kabarmu..
Yen sliramu ninggal aku,
Nggolek gantine awakku..

Karo uwong seje,
Sing pantes lan nduwe..
Bedo ro aku sing koyo ngene,
Malioboro seksenono lelakonku..

reff:
Wis meh pirang-pirang sasi
Aku tansah ngenteni..
Wis meh pendhak lingsir wengi,
Aku tansah memuji..

Sakwetoro telung minggu,
Aku krungu kabarmu..
Yen sliramu ninggal aku,
Nggolek gantine awakku..

Karo uwong seje,
Sing pantes lan nduwe..
Bedo ro aku sing koyo ngene,
Malioboro seksenono lelakonku..

Nganti seprene tresnaku
Mung nggo sliramu..
Tansah tak siram tetesing eluhku,
Nganti suk kapan sliramu eling aku..

Related Posts:

0 Response to "Lirik Bangjo Malioboro - Didi Kempot"

Posting Komentar