Lirik Neng Pacitan - Didi Kempot ft. Yan Vellia

Neng Pacitan

Koyo ngene rasane wong kasmaran,
Rino wengi neng ati yo ra karuan..
Tansah kelingan
Kepingin nyawang,
Neng kene neng kutho pacitan..

Setyo janji tresnaku ora ngapusi,
Nganti seprene suwene aku ngenteni..
Nangis batinku ndrangges iluhku,
Muliho neng pacitan neng kuthaku..

reff:
Dudu klambi anyar
Sing tak suwun neng sliramu..
Nanging roso tresno
Selawase kanggo aku..

Wangine kembang mawar
Sing tak sawang neng mripatku..
Koyo roso tresno
Tresnaku kanggo sliramu..

Neng kutho kene iki,
Aku setyo ngenteni..

Sewu siji iku wong
Sing dadi saksi..

Setyo janji tresnaku ora ngapusi,
Nganti mati mung kowe sing ono ati..
Nangis batinku ndrangges iluhku,
Muliho neng pacitan neng kuthaku..

reff:
Dudu klambi anyar
Sing tak suwun neng sliramu..
Nanging roso tresno
Selawase kanggo aku..

Wangine kembang mawar
Sing tak sawang neng mripatku..
Koyo roso tresno
Tresnaku kanggo sliramu..

Neng kutho kene iki,
Aku setyo ngenteni..

Sewu siji iku wong
Sing dadi saksi..

Neng kutho kene iki,
Aku setyo ngenteni..

Neng pacitan
Aku ora biso lali..

Related Posts:

0 Response to "Lirik Neng Pacitan - Didi Kempot ft. Yan Vellia"

Posting Komentar